Sabtu, 01 Juni 2013

Asal-Usul Desa Lamongan

ASAL-USUL DESA LAMONGAN

        Lamongan yaiku salah sawijining desa ingkang wonten Kecamatan Kaligondang, Kabupaten Purbalingga, Jawa Tengah. Asal muasal diarani Desa Lamongan amarga "Ala, Becik Dadi Omongan". maksudipun segala perkawis ala utawi becik iku mesti dados omongan sakabehing warga.
       Desa lamongan gemiyene yaiku gendis ingkang diubengi 2 kali, kali klawing lan kali ranu (kali cilik) amarga banjir ageng kali klawing pindah marang kali ranu lan kali klawing wau dados sat, pindahipun kali wau dados kaya diwalik, kali klawing dados alit lan kali ranu dados ageng, nanging kali kang dados ageng tetep diarani kali klawing lan kali ingkang sat diarani kali mati. Kali lngkang sat wau teksih becek lan kathah welute, nanging saiki samoun dados daratan lan kangge persawahan utawi kangkungan.
       Kali ingkang sat lan mulai atos sampun saged disebrangi, sekedik-sekedik wonten tiyang ingkang manggon ing gendis wau utawi ingkang dados Desa Lamongan. jaman mbiyen lamongan teksih sering banget banjir lan terisolir amarga desa bekas kali, saiki sampun mboten banjir malih amarga wonten tanggul kelilinge.
        Diarani Desa Lamongan "Ala, Becik Dadi Omongan" amarga wektu Lamongan teksih ala, sering banjir, dalane angel, mboten gadhah listrik, lan terisolir iku mesti dados omongan tiyang-tiyang. Saiki sampun dados desa maju (ing pertanian) uga kangge omongan, mula diarani Lamongan. Anggene mlebet desa lamongan mesti nglewati jembatan, iku bukti mbiyene Desa Lamongan diubengi kali. Gara-gara kaline pindah, Lamongan dados kepisah kalih Desa Tejasari, Sempor, Brecek lan desa liya-liyane ing Kecamatan Kaligondang (desa ingkang Kecamatan Kaligondang ingkang kepisah dewek). Lamongan sawijining desa ing Kecamatan Kaligondang ingkang mboten nyabrang kali klawing yen marang Kota Purbalingga.




Popular Posts

 

© 2018 IRFA' ARIFUDIN. All rights resevered. |

Back To Top